13 Agustus 2012 | 19:23 wib
Sakwise Apura-ingapura, Terus Apa?
Kawit esuk mruput, wong-wong pating sliwer kaya wader diobati. Grudak-gruduk ngalor-ngidul, grudak-gruduk ngetan, terus balik mengulon. Sedhelok Saman ndelok, terus memburi arep njupuk suket ning kranjang kanggo makani sapine sing bengah.
"MAN, kowe kok gak melok unjung ning tangga-tangga?" takone Romli, tanggane sing nembe teka seka negara manca sakwise sepuluh taunan dadi TKI, metu dalan saka siseh lor pondhokan.
"Unjung kuwi kanggo apa?" Saman ganti takon.
"Masya Allah, wong gemblung! Kowe iki piye ta? Ya lair-batin ing dina suci iki!" jawabe Romli rumangsa ngreti merga tau nyantri.
"Lo? La wong-wong iku saben dina apa ora nganggo lair lan batine piye? Terus lair-batin kuwi ning babagan apa?" wangsulane Saman.
"Walah, kebacut. Rada kurang tutug olehku kandha! Iya, karepku, lair-batin njaluk ngapura, Man," Romli cepetcepet mangsuli merga krungu pitakonan Saman kaya ngono.
"Aku kok malah dadi sansaya ora paham kandhamu. Rumangsaku nek wong siji lan sijine wis dadi sedulur, lak butuhe ya mung apik becik lan rukun. Ora kudu milara panguripan apa wae lan sapa wae. Apa maneh kok jenenge menungsa padha menungsane. Mbacok uwong padha karo mbacok awake dhewe. Milara uwong padha karo milara awake dhewe. Ngapusi uwong padha karo ngapusi awake dhewe. Dadi nek jenenge sedulur kuwi tresnane karo uwong liya iku padha karo tresnane ning awake dhewe. Terus maneh, apa wenangku menehi ngapura? Aku menungsa duwe apa, kok menehi ngapura? Apa aku isa nggawe sing jenenge ngapura?" takone Saman lugu.
"Nek wong iku becike nduweni sepura, Man, merga iku netepi sesrawungan antarane menungsa karo menungsa. Nek wong wis padha apura-ingapura mengko sing jenenge luput iku isa ilang. Dadine kosong-kosong. Dosane entek sabab malaekat mbusak dosane wongwong kuwi," sambunge Romli setengah ceramah kaya kiyai kondhang.
"Kandhamu sing sepisanan aku cocok, Rom. Nanging tembungmu sakteruse rada mbulet. Kaya nek miturut kandhamu biyen, pas ketemu aku ning tegalan, jaremu malaekat nyathet tumindake menungsa ing saben wayah, saben dinane. Salah ya ditulis salah, bener ya ditulis bener, elek ditulis elek, apik ya ditulis apik. La, mangka salah pisan rak ya tetep salah, bener pisan rak ya tetep bener? Merga ana tembung, kleru pisan kleru selawase, luput pisan luput selawase. Mangka tata cara apura-ingapura wong-wong kuwi rak ngenteni setaun. La nek saiki njaluk ngapura, walah... rak bukune malaekat dadi orekorekan ora karu-karuwan? Kira-kira apa ya ngono?"
Pitakonane Saman kuwi ndadekake sirahe Romli mumet merga nalar lan pikire ora nyandhak. Wohing Pangucap Pancen urip iku ngunduh wohing pangucap, pretikel, lan kelakuwane dhewe-dhewe. Iku nek sakngretiku sing dikandhakake mbah-mbah buyut biyen. Lan, apa sing ditindakake Saman ya balik ning nggone jejere menungsa, manunggaling rasa. Contone, ana wong ndarani ala wong iku gak kena. Iku jenenge drengki, dadi ngelek-elek liyan ngono kuwi. Dahwen, kemeren. Kemeren iku nek kancane nduwe, rasane gela. Dahwen iku nek tanggane nduwe, dieron-eroni.
Padhane pangucap kaya ngene, "Wong iku sapine kok akeh men? Tak-obatane wae, ben mati. Wong iku karo bojone kok rukun men? Bojone tak-bedane, ben ora rukun." Kuwi kabeh ora oleh! Lak angil? Ya, tumrape wong sing urung isa nglakoni pancen ya angel.
Ngenani apura-ingapura iku kadhang- kadhang akeh sedulur ya durung ngreti maksude. Maksude piye? Carane piye? Lair-batin apane? Lair-batin gregeten apa lair-batin njaluk ngapura? Lair lan batin kuwi dijumbuhna. Cangkeme njaluk ngapura, batine uga njaluk ngapura.
Salaman, karo ngucap, "Apa padha slamet kabeh?" Cara arabe, "Assalamu'alaikum." Tangane dithukna, lesane ngucap, kudu teka jroning ati. Jane iku dadi simbul. Nek dijerokna tenan iku rak ngabarake keslametane awake dhewe lan ndongakake keslametane sedulure. Mbuktekake yen ta rasa seneng antarane aku lan sampeyan, rasa seneng siji lan sijine, padha karo rasa seneng marang awake dhewe.
Satu hati dan satu jiwa. Sabab, menungsa kabeh iki anak turun Adam. Aja nganti gething marang liyan, ya kuwi merga kabeh sedulur. Soale sedulur Saman ngarani menungsa padha iku jalaran aku lan sampeyan anak-putu Adam. Dadi ora ana bedane. Aku anak turun Adam, sampean uga anak turun Adam. La yen ana sing durung ngreteni isi atine sedulur kaya Saman nanging wis bisa nyebut elek, kuwi mono kurang pas.
Jalaran Saman wis diarani sama-sama, sami-sami. Dheweke wis ngakoni padha. Mula, kanggone Saman, sapa wae wonge sing ketemu diaku sedulur. Sabab, kabeh keturunane Adam. Mosok ana wong ora anak-turune Adam? Aja nganti ora. Lan ndonyane Adam iki ya mung sawiji, iku pahamku. Adam kang nengkarake warnane wong-wong kang duwe pangaku kang beda-beda. Dene ana sing ngarani Adam iku nabi kawitan lan mung Nabi Adam kang kawitan den utus dene Kang Akarya Pandum, kanggo njejerake bibit kang pinilih ana alam donya, najan beda-beda pangakone.
Terus, becike kapan wayahe apuraingapura? Ya sakwayah-wayah. Merga njaluk ngapura iku, ya nek bener-bener wong kuwi pancen duwe keluputan lan rasa luput, ora kena disemayani. Nalika kelingan ya banjur mara, marani sedulure, lan njlentrehake keluputane.
Kanthi janji: ora bakal mbaleni tumindak luput maneh. Sing dijaluki ngapura njawab, "Sing wis ya uwis, sing durung wae kudu diati-ati."
Ning jagad iki ora ana barang ilang, kalebu luput lan bener. Menawa suk yen wis tekan titi wancine, ya bakal ditimbang siji lan sijine. "Kowe gak duwe salah karo aku, Lur. Ya wis, padha-padha," ujare Saman marang tanggane, sing wingenane kena kasus merga nggelapake dana organisasi bal-balan tingkat desa, sing ngajak salaman njaluk ngapura.
- Eko Arifianto, pangarsa
Lembaga Kajian Kebudayaan dan Lingkungan Pasang Surut Blora
(RED/CN27)
http://www.suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2012/08/13/599/Sakwise-Apura-ingapura-Terus-Apa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar