18 Agustus 2012 | 04:23 wib
Ayo, Lur, Padha Muleh Dhikik
Dening Widyo Babahe Lekso
KANGGONE wong Jakarta, kususe asli Betawi, tembung udik kuwi artine ndesa. Anak udik tegese wong ndesa. Dadi wong saka Jawa utawa sanjabane tlatah Jawa, sing urip nang Jakarta, sinebut orang udik. Mula yen sing padha bara golek sandhang pangan nang Jakarta, yen mulih nang Jawa sinebut pulang mudik.
Unen-unen mudhik ora adoh saka sebutan kuwi mau. Sumuk, sesek, sumpek, uyel-uyelan, dhesek-dhesekan. Kuwi kurang luwihe gambaran wong kang lagi mudhik. Kahanan kaya mengkono bisa dipesthekake kedadeyan ing saben taune. Abot-abote kepengin kepethuk sedulur, kadang, lan tangga teparo. Apa ana cara liya kanggo ngakali?
Wong Jawa sing bara nang sebrange segara duwe cara beda yen bali ndesa (Jawa) ngepasi riyaya. Mudhik cara anyar iki kalakon kawit taun 2000-nan. Sing ndhasari lelakon kuwi katone ya sepele: ora kebak dompete alias ora duwe dhuwit. Yen mung sumuk, sesek, sumpek, uyel-uyelan, dhesek-dhesekan, wis lumrah. Nanging ora duwe sangu kanggo bali ndesa, kuwi bisa diarani meh saben taun. Yen mung saawak isih bisa ngupaya cara. Nanging yen sarombongan, sakluwarga, apa ora ngentekake donya?
Contone Mbah Darman, asal saka Rembang, Jawa Tengah, kang kawit taun 1985 nganti seprene dadi tukang manen nang perkebunan klapa sawit Kotawaringin, Kalimantan Tengah. Kawit anake isih indhil-indhil nganti saiki wis ondhol-ondhol duwe putu, dheweke ya tetep nyambut gawe kaya mengkono kuwi. Nek dietung, dheweke bali ndesa (Jawa) ora luwih saka ping telunan.
Wong bayaran saben sasine bisa nggo nyukupi kebutuhan saben dinane wae wis kepetung untung. Yen prekara bayaran, dibandingake urip nang Jawa, ya milih nang kene. Ora ketang sewu-rong ewu, saben sasi dheweke bisa nyelengi. ”La badhe mudhik kadospundi leh, Pak Guru. Kangge umbal sakblasan mawon wonten nek kalih tengah yutanan. Cobi njenengan etung, karcis kapal wong sijine tigang atus ewu. Nek kula sakluwarga wong nem, mpun pinten? Napa malih nek pas bada, mundhake rega karcis umpak-umpakan.”
Menyang Kutha Nanging Mbah Darman ora kurang akal. Ora ketang setaun mbuh rong taun sepisan, ana salah sawijine anak utawa mantune dikongkon balik nang Jawa. Iku kanggo njagani aja nganti kepaten obor. Merga yen ngepasi riyaya, rega karcis mesthi mundhak, mula Mbah Darman kongkonan salah sawijine anake mulih Jawa satelat-telate satengah-tengahe sasi pasa.
”Cung, taun iki kowe sing muleh dhikik. Kabarna karo sedulur kabeh nek kahanane kluwarga Kalimantan seger kuwarasan,” mengkono tembunge Mbah Darman marang Bowo, anak ragile.
Muleh dhikik plesetane kluwargane Mbah Darman babagan mudhik. Muleh dhikik sing dikarepake kuwi mulih sadurunge H-7. Yen dietung pancen durung ana undhak-undhakan rega karcis. Ukara kuwi banjur ditiru kluwarga liyane nang saindhenge barak perkebunan klapa sawit.
Ora mung niru unen-unene, nanging uga niru wujud lakune. Saliyane salah sawijine kluwarga mulih dhisik adoh sadurunge riyaya, warga barak mau yen arep riyaya ya padha tatatata ”mudhik” menyang kutha. Ya, kuwi mudhik cara anyar amerga kahanan. Mudhik carane wong paran sing wegah sek-sekan, uyeluyelan, lan kurang sangu. Saka barak perkebunan nganti tekan kutha kurang-luwihe ana 160 km. Yen ngepasi riyaya, barak sepi. Kanggo ngilangi rasa nglangut lan kangen marang kluwarga nang Jawa, warga barak sing ora duwe sangu mudhik rame-rame menyang kutha. Watara rong dina nganti telung
dinanan nyewa kamar losmen, ngiras-ngirus riyayanan.
”Nek dietang-etang, eca ngoten kok, Pak Guru. Cobi njenengan etang, sewa losmen sakamar sedinten-sedalu banter-bantere karotengah atus. Nek tigang dinten namung pinten? La nek ngeten, ragate rak nggih boten wonten separone muleh Jawa leh?”
Apa ya pancen kudu mengkono urip nang paran? Urip bara nang tlatah liya? Kabeh kudu dietung nganti premana, nganti akal akalan, ngakali mudhik.
- Widyo Babahe Leksono, guru SMA
Islam Sultan Agung 1 Semarang, nate mulang nang Kalimantan Tengah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar