Jangan Sekalipun Melupakan Sejarahfree counters
Click for Kota Samarinda, Indonesia Forecast

Senin, 27 Agustus 2012

Jembar Pangapura Nuju Dina kang Mulya

Jembar Pangapura Nuju Dina kang Mulya


Kamis, 23/8/2012 08:54
Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS

PRINT Sakbubare salat id ing mesjid utawa lapangan, masarakat padha halal bihalal utawa salam-salaman kanggo nglebur dosa sapadha-padha. Dosa amarga wus tau tumindak ala, cengkah, gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake lan menehi kasusahan.



Nalika wus salaman, ati dadi adhem amarga wus padha apura-ingapura. Awak dadi enteng lan ayem. Mula, dina riyaya tumrap wong kang jembar pangapurane, bakal dadi dina kang mulya.



“Apura-ingapura wus dadi ambegane wong Jawa. Wong Jawa kuwi sugih pangapura. Yen wayang ana Puntadewa sing digambarake wong sing sabar, ora gampang nesu, duwe sipat pangapura, ora gething lan nyimpen anyel,” kandhane Dhosen Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy Sulistyono, Selasa (21/8).



Mula, Puntadewa kuwi duwe getih putih amarga awake sing resik lan ora duwe sipat ala. “Ing Jawa kuwi wus ana konsep pangapura yaiku ujung lan pangabekten. Dening para wali, banjur dijupuk dadi tradhisi ing Islam. Pangabekten lan ujung ing Jawa ora mung setaun sepisan nanging dadi pakulinane wong Jawa,” ujare Edy.



Tradhisi halal bihalal ing Jawa, diwiwiti dening Samber Nyawa utawa Mangkunegara I, banjur dadi awet lan lestari ing lingkungan wong Islam ing tlatah Jawa, amarga konsep-e padha karo Islam.



Ing dina riyaya, dosa kang disebabkake tumindak ala marang wong liya, ora liya tatacarane ngilangake yaiku kanthi njaluk pangapura marang wong sing dilarani. Dene ikrar sungkem marang wongtuwa utawa sing disepuhake, ana petang prakara yaiku ngaturaken sungkem, silaturahmi, njaluk pangapura lan njaluk donga. Salah sijine conto yaiku “… kula sowan, sepisan tuwi kawilujenganipun, kaping kalih ngaturaken sungkeming pangabekti. Ing saklajengipun ngaturaken sedaya lepat, keparenga paring pangapunten. Saklajengipun nyuwun berkah pangestu.”



Beda dosa kang nglanggar pranatan agama, kaya wong Islam ora salat, ora jakat, ora pasa, mula supaya dosane ilang tatacarane yaiku mertobat lan nyuwun pangapura marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Ikrar mertobat marang Gusti bisa nganggo ukara apa wae sebab Gusti Maha Mireng. Gusti Allah iku Maha Pangapura, mulane yen manungsa wis ngakoni dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh, mesthine ya pinaringan pangapura.



Upamane sakbubare Salat Id, kok isih ana rasa gething, anyel, dengki lan srei marang wong liya, wong kasebut prelu ditakoni kasile poso sesasi muput kuwi apa? “Pasa kuwi tegese ngobong dosa lan sipat-sipat ala. Dadi rampung pasa, dadi manungsa kang suci. Nalika isih duwe sipat ala ing dhadhane, tegese pasane ora sukses ngobong dosa lan sipat ala. Mula, pasane mung antuk ngelih lan ngelak, ora oleh ganjaran utawa piwalesan,” ujare dhosen ing Sastra Dhaerah FSSR UNS, Imam Sutardjo.



Akeh contone nalika para panguwasa padha nggelar open house ing daleme dhewe. Banjur salaman karo mungsuh pulitike. Babagan iki dadi conto kang becik kanggo masarakat, sebabe wus padha rukun. Nanging nalika durung suwe padha padudon babagan pangkat utawa dhuwit, para panguwasa kuwi ora bisa diconto sebabe halal bihalal nalika dina riyaya mung ing ana ing kulite, ora ing njero dhadhane.



Banjur piye nalika duwe kaluputan marang wong liya, nanging ora wani njaluk ngapura amarga isin? “Akeh tatacara silaturahmi, ana sing mlebu omah siji-siji, ana kumpul trah, halal bihalal ing lingkungan RT utawa RW. Tatacara iki bisa dadi cara nalika kita isin. Sebab ana ikrar sing diwaca bareng-bareng. Sing paling prelu yaiku ati gelem nampa pangapura, senadyan ora sungkem karo wong sing duwe salah.”



Kanjeng Nabi Muhammad wus menehi conto, yaiku nyambung tali silaturahmi marang wong sing gething marang piyambake. “Kuwi akhlak sing karimah, sing mulya lan utama. Yaiku menehi ngapura sanadyan ora dijaluki pangapura. Sanadyan angel, sipat kuwi kudu dadi tuladha lan bisa dilakoni masarakat marang panguwasa, supaya panguwasa sing kiyanat dadi mertobat.

Nyuwun lan Paring Pangapura

Kamis, 23/8/2012 08:53


Yohanes Siyamta, Pustakawan UAJY.

Apura-ingapura. Nitik saka pandhapuking tembung, apura-ingapura kalebu tembung rangkep kang nduweni teges ing antarane siji lan sijine tansah nindakake pakaryan. Nyuwun lan paring. Sing siji nyuwun pangapura lan sing disuwuni pangapura uga banjur maringi pangapura.



Padatan becik sing kelakon saka jaman semana tumeka saiki kacetha ing tradhisi sesalaman ing dina Riyadi Lebaran utawa dina Bakda. Karana owah gingsiring jaman, patrap lan tumindake sethithik ana bedane antarane jaman semana lan jaman saiki.



Jaman semana patrap apura-ingapura ing dina Riyadi Lebaran diarani ujung. Cak-cakane yaiku sok sapaa sing kepernah enom sowan marang kang luwih sepuh. Ora cukup mung sowan lan salaman. Patrape yaiku sowan, salaman kanthi sungkem – ngranu pada utawa ngambung dhengkul – sarwa matur, “Sowan kula wonten ngarsanipun ……., saperlu badhe ngaturaken sedaya kalepatan kula. Tembung kula saklimah, lampah kula sajangkah tuwin tindak-tanduk ingkang damel sengkeling manah, mugi kalebura ing dinten Riyadi menika.” Banjur kang kapernah tuwa paring wangsulan, “Semana uga aku, wong tuwa ya akeh lupute. Muga-muga kaluputanku lan kaluputanmu kalebura ing dina kang becik iki.”



Wekti iki ing kahanan kang sarwa modern, apura-ingapura tetep lestari lan katindakake nut jaman lan kalakone. Patrape sarwa ringkes lan praktis. Tetep mijekake wektu kanggo sowan lan ketemu, nanging ora banjur sungkem lan ujung kaya jaman semana. Biasane amung sesalaman kanthi ngandharake tetembungan “sugeng riyadi”, “kosong-kosong”, “padha-padha’, lan sapanunggalane. Malah yen ora bisa sowan lan ketemu, silaturhami iki banjur katindakake kanthi sesambungan lumantar telpon, sms, piranti jejaring sosial lan liya-liyane.



Ana padatan becik kang kelakon ing kampungku jroning nglestarekake apura-ingapura. Bakda sholat Ied, saben baryat padha sungkem lan apura-ingpura ing omahe dhewe-dhewe. Sawise sesalaman nunggal sabrayat, udakara tabuh sanga esuk, kabeh warganing kampung – gedhe-cilik, enom-tuwa – ora mandeng suku, budaya lan kapitayan padha ngumpul dadi siji. Sawise adicara kabukak kanthi puji pandonga lan wedharan sarwa singkes babagan Riyaya Idul Fitri, wong-wong kang wis padha kumpul mau, banjur mubeng warata siji lan sijinine sesalaman ngaturake sugeng riyadi lan apura-ingapura.



Kanthi andharan mau, cetha menawa Riyaya Idul Fitri utawa Lebaran sing tansah dipengeti ing sasi Syawal ora mung dadi pengetan wajib tumrap kaum muslim. Umat liyane kanthi kapitayan apa wae uga melu ngriyayakake. Riyaya kuwi dadi sarana nyupeketake kekadangan utawa dadi srana kanggo nyambung tali silaturahmi ing antarane para warga. Senadyan beda ing kapitayan, ing riyaya iki padha sesalaman apura-ingapura.



Ing negara kang wargane dumadi saka maneka warna suku, basa, budaya lan agama, kahanan kaya mangkene iki becik lamun tetep dilestarekake. Yen kahanan kaya mangkene iki tetep lestari bakal cinipta swasana ayem-tentrem, guyub-rukun lan kerta-raharja. Bedaning panemu, suku, basa, budaya lan agama ora njalari crah lan sulaya, nanging dadi pratandha lan wujud nyata kalakone semboyan bhineka tunggal ika.



Ganda wangi sekar melati, ngambar arum sekar setaman. Sugeng Riyadi Idul Fitri, kalebura dosa lan kalepatan. Nuwun.

DEPAN » Yaqowiyu, Ngrayah Pangapura

Yaqowiyu, Ngrayah Pangapura

Sabtu, 21/1/2012 15:47


Yaqowiyu (JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu)

Sendang Plampeyan kang mapan sakidule Mejid Ageng dadi seksi bisu manawa Jemuwah (13/1/2012) iku, tlatah Jatinom dadi segara manungsa. Ing lapangan gedhe sacedhake sendang iku, wong cacah ewon padha tumpleg bleg dadi siji. Sirahe padha ndhangak, tangane diangkat loro-lorone, mripate padha nyawang playune apem kang disebar saka sawetara menara kayu kang didegake ing papan kuwi.



Nalika ana apem sumebar, wong-wong iku padha rebutan, cepet-cepetan ngrayah supaya apem iku bisa kecekel lan dadi duweke.



Mangkono sakcuil gambaran upacara tradhisi yaqowiyu kang digelar ing Jatinom, sawijining desa ing wewengkone Kabupaten Klaten. Yaqowiyu ing Jatinom iki wus kondhang kaloka kanthi simbul upacara sebar apem. Mula ora maido, saben upacara adat Saparan kang ditutup kanthi adicara sebar apem iki dadi tradhisi kang bisa nggeret puluhan ewon warga saka tlatah ngendi-endi.



Tradhisi sebar apem iki ajeg bisa nggeret kawigatene warga bebrayan. Kaya ing taun iki, kang digelar Jemuwah (13/1) kapungkur. Warga bebrayan padha nyelakke wektu kanggo melu ngrayakake upacara tradhisi sebar apem iki. Ana sing direwangi ngebis, nyewa montor, numpak bis bebarengan sakampung, utawa nggawa pit montore dhewe-dhewe. Kabeh tekate padha. Cekat-ceket nekani Jatinom saprelu melu ngrayah apem kang disebarake ing upacara kuwi. Wiwit nom-noman nganti simbah-simbah padha ora gelem kalah. Ngakune rata-rata padha mburu berkah, sanajan apem Yaqowiyu kang disebar ora sethithik kang tiba ing lemah.



Sawetara warga kang ditemoni Espos, mratelakake maneka warna alesan mburu apem yqowiyu. Ana sing mracayani apem yaqowiyu iku manawa ditandur bisa nyuburake lemah. Manawa diborehke ing awak, tangan lan sikil, jarene uga bisa kanggo tamba kesel lan pegel, lan liya-liyane. Nanging embuh bener utawa ora, kabeh kuwi bali maneh ing kayakinane dhewe-dhewe.



Sawetara sumber kang coba ditemoni Espos nyebutake manawa sujarah tradhisi sebar apem iku maune dilakoni dening Ki Ageng Gribig wektu 15 Sapar 1511 H. Rikala semana Ki Ageng Gribig lagi wae kondur saka Mekah sawuse munggah kaji, lan kondure ngasta oleh-oleh arupa apem kang isih manget-manget kanggo anak-putune, sedulur lan tangga teparo. Kabeh banjur ngumpul lan ngrungokake crita sarta wejangan ilmu saka Ki Ageng Gribig. Ing kalodhangan iku, Ki Ageng Gribig uga ngedum oleh-olehe kanthi rata.



Nanging, apem mau ora cukup kanggo sakabehe wong kang ana ing papan kono. Mula, Ki Ageng Gribig banjur dhawuh marang garwane supaya mangsakake apem supaya dadi akeh lan kabeh wong kuwi bisa melu ngrasakake.



Nyebar apeme kuwi dilakoni Ki Ageng Gribig sawuse rampung Salat Jumat. Sadurunge diedum marang tangga teparone, piyambake ngumbul donga luwih dhisik supaya antuk berkah. Sarampunge ndonga, apem mau lagi disebarake marang sedulur lan tangga-tangga kang cacahe akeh. “Nanging apem kang diasta mau ora cukup didum. Mula Ki Ageng Gribig banjur nyuwil-nyuwil apem mau cilik-cilik lan diedum kanthi rata. Semangat ngedum rejeki iku kang nganti seprene ditulad dening warga Jatinom,” piterange Mulyata, sesepuh warga Jatinom.



Ing kalodhangan liya, Jurukunci Makam Ki Ageng Gribig, Panji Supardi, nyebutake tembung apem iku asale saka tembung afwan kang tegese pangapura. Bisa wae dimaknani puluhan ewon wong kang padha rayahan apem kang disebar ing tradhisi Yaqowiyu iku minangka tandha padha rayahan pangapura, padha rebutan pangapura saka sakabehe wong.



Dene miturut Murtadlo Purnomo, paraga Ki Ageng Gribig nalika upacara yaqowiyu Jemuwah kapungkur, nandhesake tradhisi sebar apem satemene ngandhut piwulang luhur kang adhedhasar tembung afwan kang ateges pangapura. Apem iku dadi simbuling pangapura.



“Sebar apem iki bisa dimaknani minangka simbul prentah marang manungsa supaya tansah nyuwun pangapura marang Sing Maha Kuwasa. Sikep iku ndadekake manungsa tansah eling marang uripe. Sejatine uripe manungsa iku ana sing mirsani,” ujare.



JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso



Umek Kulawarga Jalaran saka Krama

Umek Kulawarga Jalaran saka Krama

Kamis, 23/8/2012 08:50


Siti Siamah, Sutresna Kabudayan Jawa. (FOTO: Istimewa)

Wiwit biyen mula saben-saben ana kaluwarga sing umek rebutan warisan kuwi ora uwal saka krama sing wis kelakon. Mula yen ana wong lanang senengane roba-rabi utawa duwe bojo ora mung sij mangka padha karo nandur wineh padudon tumrah keturunane.



Wis akeh kedaden sing ala jalaran saka krama sing ora mung sapisan. Uga akeh sing padha eker-ekeran rebutan warisan karo sedulur dhewe, malah ana sing tekan paten pinaten, jalaran saka krama sing dilakoni bola-bali dening wong tuwa.



Mula saka kuwi, ing bebrayan Jawa wiwit biyen tansah ana pitutur marang calon manten supaya aja nganti dadi manten luwih saka sapisan. Pitutur iki tansah digambarake kanthi mangayubagya manten kang sarwa gumebyar sing mbutuhake ragad akeh. Dene alesane: “Dadi manten mung sapisan mula yen bisa diramen-rameni sakrame-ramene.”



Kejaba saka kuwi, ing bebrayan Jawa acara krama digawe sarwa njlimet, murih ora dianggep sepele dening kabeh pehak. Akeh lelakon siji lan sijine kudu kedaden kanthi urut lan dibecik-becikake. Wiwit saka nyumuk calon besan, paring peningset, lamaran tumekaning temu manten, kabeh kudu sarwa becik, jalaran kabeh pehak padha duweni pangajab: yen wiwitane becik mangka selawase bakal becik.



Aja nganti ana acara krama sing dicacat dening tangga teparo apa maneh dening masyarakat. Uga aja nganti ana alangan sing bisa gawe alane acara krama. Ewadene yen ana acara krama sing cacat tanpa dijarak uga bisa dianggep pratandha ala.



Mula saka kuwi, acara krama tansah dadi acara kang adiluhung, saengga dinane lan wektune uga sarwa dipetung kanthi adedhasar ngelmu petung-petungan sing dikuwasani dening para sepuh kang winasis. Ana pitutur: aja sembrana krama tanpa petungan sing titis jalaran yen kleru bisa cilaka tumekaning anak putu wayah kabeh.



Sarwa njlimet pancen wis kebacut dadi tradhisi adiluhung ing babagan krama sajroning bebrayan Jawa kang tansaya ngedab-edabi ing mangsa modheren iki. Malah yen sing dadi manten kuwi duweni ragad akeh, mangka bakal krama kanthi sarwa njlimet lan gumebyar murih ora dianggep sembarangan.



Wis akeh acara krama pancen tansaya sarwa njlimet lan gumebyar. Panggonane ing hotel berbintang lima, dene tamu-tamu sing diundang cacahe maewu-ewu lan saka kalangan wong cilik tumekaning kalangan penggedhe, saengga dadi pawarta ing kabeh media utawa malah uga diliput langsung dening televisi.



Pancen, kanggone pawongan sing persasat kakehan dhuwit, acara krama kudune kelakon sing sarwa njlimet lan gumebyar. Wiwit milih busana manten, tata rias, cindramata lan pasogatan kanggo tamu undangan tumekaning panggonan kanggo nyecep manis madune wulan kang pisanan kudune sarwa wah, ora sembarangan.



Nanging akeh sing salah tampa ing babagan krama, saengga duweni panganggep yen kabeh acara krama wis sarwa njlimet lan gumebyar tur mawa petungan kang titis mangka bakal becik selawase.



Wis akeh kedaden ala sing kelakon tumekaning pegatan senajan acara mantenan digelar sarwa njlimet lan gumebyar. Malah uga ana manten sing mung rukun sawulan banjur padha pegatan kamangka acara mantenane sarwa njlimet lan gumebyar tur ngedab-edabi tenan jalaran diliput langsung dening televisi.



Acara mantenan sing digelar sarwa ngedab-edabi pancen ora jaminan kanggo lestarine krama utawa bebojoan. Awit kanggone bebrayan Jawa, krama kuwi bebojoan kang ora ana watese kejaba pejah. Tegese, wiwit dadi manten tumekaning pejah, kakung lan wadon sarimbit sing ngayahi urip bebojoan kudune bisa tansah rukun aja nganti tukar padu apa maneh nganti padha pegatan.



Mantenan Selawase



Mula saka kuwi akeh wong tuwa biyen tansah paring pitutur marang manten sarimbit supaya tansah ngrekadaya murih bisa mantenan selawase. Tegese, kabeh lelakon lan tumindhak kudune sarwa becik lan bisa gawe marem atine bojo.



Perkara urip samadya utawa sarwa menthereng uga ora jaminan kanggo katentremaning bale wisma. Akeh sing urip tansah mlarat nanging ora tau eker. Kosok baline akeh sing uripe murwat persasat kurugan raja kaya nanging malah padha kerep tukaran tumekaning pegatan.



Ewadene rekadaya murih bisa mantenan selawase kuwi pancen gampang-gampang angel. Bisa dadi gampang yen manten sarimbit padha netepi setiyaning katresnan, saengga ora bakal kagodha dening klimising bathuk utawa bagusing pasuryan liyan.



Setiyaning katresnan bakal luntur yen ora didhasari kanthi prilaku becik ana sajrone lan jabane omah. Kabeh kasenengane wong loro kudune bisa cocog murih ora sewang-sewangan. Saupama sing kakung seneng mancing, nanging sing wadon seneng nglangi, mangka kabeh padha sinau seneng mancing lan seneng nglangi murih tansah bebarengan anggone ngayahi kasenengan-kasenengan kuwi.



Dene rekadaya murih mantenan selawase bisa dadi angel yen siji lan sijine wis emoh netepi setiyaning katresnan marang bojo. Kaya dene unen-unen, sing kakung seneng nguyang, sing wadon seneng ngintalke. Tegese, bebasan sing kakung tansah nguber-uber prawan utawa randha, sing wadon uga malah senengane ngawe-awe lanangan liya.



Yen manten sarimbit wis padha duweni lelakon ala kaya mangkono kuwi, kramane persasat bakal manen perkara ala tumekaning anak putu sateruse. Kabeh padha rebutan rajabrana lan rajakaya sing wis dadi warisan, apa kuwi arupa kewan, sawah, omah, emas, slaka, utawa tahta.***

Ramene Bakda ing Angenku

Kamis, 23/8/2012 08:47

PRINT “Pak, kolakipun ingkang nangka utawi pisang?” Pitakonku marang Bapak kang numpak Sepedha motor abang.



“Sadhengah-dhengah ora papa.” Wangsulane bapak karo menehake dhuwit sewu. Bebarengan menehake kolak, saka mburiku ana sawijining Ibu kang njawil tanganku.”Dhek, kolake telu diwadhahi plastik ya!”



“Nggih, nggih Bu, sekedhap nggih”. semaurku kanthi swara glagepan makjegageg kaget krungu pandangune ibu kuwi mau.



“Matur nuwun, Bu”. Piwalesku seneng.



“Kolak-kolak, kolake Mbak, kolake Mas?” Sinambi nggawa tremos es. “Thiiiinnnn, thiiiinnnnn” swara klakson padha muni amerga lampune wis ijo. Aku banjur minggir.



“Isih pira, Dar?” Pitakone kancaku kang dodolan krupuk urang sinambi nyedhaki aku. “Isih papat, Met, lha nggonamu isih pira?” Wangsulan campur pitakonku marang kancaku sing nduweni jeneng Slamet kuwi.



“Ya isih akeh, nanging isih bisa tak dol sesuk maneh”. Semaure slamet karo ndhingkluk. “Ya sing sabar, Met. Wong dodolan kuwi rak ya ora mesthi payune ta? O ya, Ijolan gelem ora, Met? Barteran ngono, krupukmu seplastik tak ijoli kolak loro!” Panjalukku karo ngetokake kolak saka tremos.



“Wah, mathuk kuwi, Dar! Wis gorene, tak nggone mbatalke pasaku engko”. Karo menehake krupuke. Durung suwe anggonku guneman marang slamet, dumadakan krungu swara adan pratandha wektune buka. Semono uga aku lan Slamet, tumuli ngombe kolak bareng.



“Alkamdulillah, payu akeh tenan kolakku dina iki. “esemku sinambi nggenjot pedhal kang wis wayahe njaluk ganti kuwi. Sedela-sedela aku nglirik kanthongan ing sisih klambiku. Ing kono sumeleh dhuwit sing wis tak lempit sewunan cacah pitu, rongewunan loro lan limangewunan siji minangka kasil anggonku dodolan kolak ing saksisihe Terminal Tirtonadi. Ora krasa, lelakon bakulan iki wis tak lakoni wiwit pasa rong minggu kepungkur. Aji mumpung, ya kuwi kang dadi landhesan kena ngapa aku dodolan ing prapatan bangjo wanci jam papat tekan magrib ing wulan kang wong-wong padha akeh sing golek sesegeran. Sadurunge wulan Pasa iki, sawise mulih saka sekolah aku ngrewangi Paklek sakbisaku mbengkel mobil kang manggon sakulone kelurahan desaku. Kringet sing kanthil ing bathuk, kesel sing nemplek ing awak, apa maneh isin, wis ora tak gagas babar pisan, kabeh tak lakoni mung mburu cukup supaya bisa ngelongi sakabehe. Wis luntur tenan jiwa kanomanku.
***

upat-kupat luar padha gumandhul ing sakdhuwure lawang ngarep saben omah. Gemreneng tangga teparo wis mecah anggone arep olah-olah jangan krecek. Ngelingi menawa bakda ora suwe maneh. Mesthine wong-wong padha mulih menyang desane dhewe-dhewe saprelu njaluk pangapura marang wongtuwa utawa simbahe. Sandhangan sarwa anyar, panganan komplit plit, mesthi semadya ing ndhuwur meja. Durung maneh pitrah dhuwit dluwang kang rupane biru sing mesthi mudhun saka dhompete Bapak gawe sumringahe aku lan adhi-adhiku. Kala-kala keprungu guyu lan brebesan kang nyawiji dadi siji. Iku gegambaraning bakdaku taun wingi. Ananging wektu iki rasane beda, beda banget, sepi nyenyet sanajan rame ing dalan ngendi-endi.
Ahhh … Umpama wae Bapak isih bisa kumpul bareng kulawarga ing bakda mbesuk. Mesthine aku ra bakal nduweni rasa kang kaya ngene iki. Mesthine bakda mbesuk tambah nengsemake. Mesthine aku bisa sungkem marang wongtuwaku sakloron kanthi bekti. Mesthine swara guyu lan brebesan iku keprungu maneh ing satengahe omah iki. Kena ngapa mobil gundhul kang momot wedhi petang wulan kepungkur tega nyilakani Bapak sing saweg kondur makarya ing sakwetane Bengawan Solo. Kena ngapa Bapak ya tega ninggalake aku lan kulawargaku kang isih banget tresnane. Kabeh kedadeyan kuwi isih bening kasimpen ing sajrone pikiran kang wis kecampur karo kocar-kaciring rasa gumetun kang ngganjel ing dhadha tekan yahmene. Grundelanku, ora krasa mataku teles kebak luh kang wis sumadya netes.



“Magelang, ya, Magelang. Papan kalungguhan simbahku, saben bakda aku lan kulawargaku mesthi tumeka ing kana. Dadi, sithik mbaka sithik kasil dodolanku tak klumpukake kanggo mbayar ngebis menyang daleme simbah lan kanggo kabutuhan liyane. Aku ora bisa menawa ngejibke simbokku sing amung bakulan sayur cilik-cilikan ing pasar saben esuk. Adhiku cacah loro wis padha kelas papat lan enem SD, Kabeh lagi mbutuhake ragad kang ora sithik. Aku ora kentekan pikir, SPP-ku dhewe wae wis ngemplang nganti rong sasi durung bisa mbayar sanajan wis dioyak-oyak karo tukang administrasi sekolahku. Lha piye maneh, kabeh lelakon wis tak lakoni nanging ora nyukupi kabutuhan anggonku sekolah. Mbuh, suk bisa lulus lan duweni ijasah SMK apa ora?



Pikiranku ora bisa nrawang tekan semono. Kelas siji iki wae akeh sesandhungan sing tak tandhang. Nanging aku uga isih bisa sukur, apa wae kang wis dititipake Gusti marang aku. Aku mung bisa pasrah bongkokan. Sanajan sayektine aku durung bisa nrima iki kabeh. Kapan aku bisa nduweni sipat kang kukuh, bakuh lan puguh kanggo nglakoni urip iki tanpa pawongan sing bisa nyigarake gregetku, kaya kang wis dingendikake dening simbok ing wektu petang puluhan swargine Bapak. Semaurku ing batin mangsuli pitakonanku dhewe nalika lungguh ing sajrone bis jurusan Magelang karo simbok kang ana ing sisihku lan adhi-adiku kang wis padha turu nglipus ing pangkonku lan sisihe simbok.



Bisri Nuryadi

Tidak ada komentar: