Jangan Sekalipun Melupakan Sejarahfree counters
Click for Kota Samarinda, Indonesia Forecast

Jumat, 21 Juni 2013

WEWANGUNANING WAYANG

A. Golongan Wewangunaning Wayang
1.    Wayang Bokongan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning dodot kagawe bunder utawa lonjong. Kayata panganggone Arjuna lan Kresna bokonge ginawe bunder, Yudhistira bokonge ginawe lonjong.
2.    Wayang Jangkahan. Wayang jangkahan iku ana werna loro. Kapisan, jangkah jembar (Werkudara, Baladewa, Gathutkaca, lsp). Kapindho jangkah ciut (Arjuna, Palasara, Abimanyu, Bambangan).
3.    Wayang Bronsong. Yaiku jinis wayang kang praupane diprada utawa dibrom.
4.    Wayang Gendhong. Yaiku jinis wayang kang rikmane diore tekan geger. Kayata Sarojaku-suma, parikesit.
5.    Wayang Sampir. Yaiku jinis wayang kang slendhangan.
6.    Wayang lanyapan. Yaiku jinis wayang kang raine nglangak (ndhangak). Kayata Samba, Narayana, Wisanggeni, lsp.
7.    Wayang Longok. Yaiku jinis wayang kang raine ora patiya ndhangak. Kayata Kresna, Nakula, Sadewa.
8.    Wayang Luruh. Yaiku jinis wayang kang tumungkul (ndhungkluk). Kayata Arjuna, Yudhistira, Abimanyu.
9.    Wayang Oyi. Yaiku jinis wayang pawestren luruh. Kayata Sembadra, Sinta, lsp.
10.                       Wayang Endhel. Yaiku jinis wayang pawestren lanyapan. Kayata Srikandhi, Trijatha, Banowati, lsp.
11.                       Wayang Gusen. Yaiku jinis wayang kang katon gusi lan siyunge. Kayata Pragota, Dursasana, Durmagati, Indrajit, lsp.
12.                       Wayang Bapangan Dugangan. Yaiku jinis wayang wadya, uga punggawa kethek lan buta, sarta wayang kanthi pasemon gecul lan gusen.
B. Golongan Mripating Wayang
1.    Mripat Gabahan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat kadya gabah. Kayata Arjuna, Kresna, Karna, lsp.
2.    Mripat Kedhelen. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat kadya kedhele. Kayata Baladewa, Setyaki, Udawa, lsp.
3.    Mripat Kedhondhongan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat kadya woh kedhondhong. Kayata Sengkuni, Kartamarma, lsp.
4.    Mripat Pananggalan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat kadya rembulan tanggal sapisan. Kayata Cakil, Durna, Narada,lsp.
5.    Mripat Kelipan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat bunder mung separo. Kayata Buta Galiyuk, buta alasan liyane, lsp.
6.    Mripat Telengan. Yaiku jinis wayang kang wewangunaning mripat bunder sarta ora katon tlapukane. Kayata Duryudana, Werkudara, Gathutkaca, lsp.
7.    Mripat Plelengan. Yaiku, jinis wayang kang wewangunaning mripat bunder sarta katon tlapukane. Kayata Burisrawa, Indrajit, wayang Buta Raton, lsp.
8.    Mripat Plolon. Yaiku jinis wayang kanthi wewangunaning mripat katon bunder gedhe (mlolo). Kayata Bagong lan Togog.
9.    Bedhahaning mripat iku werna telu yaiku jaitan, blarak ngirit, lan brebes.
C. Golongan Wewangunan Irunging Wayang
1.    Irung Wali Miring. Wewangunan irung wayang kang kadya pangot cilik kang kanggo ngukir warangka keris. Tuladhane wayang Janaka, Kresna, Bambangan, Samba, Nakula, lsp.
2.    Irung Bentulan. Wewangunan irung wayang kang kadya pangot samadya. Tuladhane Gathutkaca, Gandamana, Werkudara, lsp.
3.    Irung Pangotan. Wewangunan irung wayang kang kaya pangot kepara gedhe. Tuladhane: Indrajit, Kangsadewa, Boma, lsp.
4.    Irung Pelokan. Wewangunan irung wayang kang kaya pelok isi pelem. Tuladhane: Buta Raton, Pragalba, lsp.
5.    Irung Bruton. Wewangunan irung wayang kang kaya brutu. Tuladhane: Bagong, Hyang Pathuk, Hyang Temburu.
6.    Irung Sumpel. Wewangunan irung wayang kang mung kaya semumpel. Tuladhane: Semar, Limbuk.
7.    Irung Terong Glathik. Wewangunan irung wayang kang kaya terong glathik bunder. Tuladhane: Gareng.
8.    Irung Cempaluk. Wewangunan irung wayang kang kaya caluk, iya woh asem kang isih enom. Tuladhane: Petruk.
9.    Irung Terong Kepek. Wewangunan irung wayang kang kayaterong. Tuladhane: Buta Congklok saengga karan Buta Terong.
10.                       Irung Pisekan. Wewangunan irung wayang kang mung padha katon pesek. Tuladhane: Togog, Bilung, Cangik, lan jinising wayang kethek.
D. Golongan Nama-nama Wandaning Wayang
1.    Werkudara, Bratasena. Namaning wanda: Mimis, lindhupanon, ireng, gurnat, lintang.
2.    Gathutkaca. Namaning wanda: Kilat, thathit, guntur, gelap, ireng.
3.    Bathara Guru. Namaning wanda: Arca, Karna.
4.    Kresna. Namaning wanda: Rondhon, gendreh, mawur.
5.    Yudhistira. Namaning wanda: Putut, panuksma.
6.    Puntadewa. Namaning wanda: Malatsih, kinanthi.
7.    Arjuna. Namaning wanda: Kanyut, malatsih, kinanthi, jimat, renteng, mangu.
8.    Premadi. Namaning wanda: pangawe, pengasih.
9.    Banowati. Namaning wanda: Golek, Berok.
10.                       Sembadra. Namaning wanda: Rangkung, lentreng.
11.                       Srikandhi. Namaning wanda: Golek, patrem.
12.                       Siti Sendari. Namaning wanda: gandhes.
13.                       Rara Ireng. Namaning wanda: Lanceng.
14.                       Buta Raton Makuthan. Namaning wanda: Barong.
15.                       Kumbakarna. Namaning wanda: Macan.
16.                       Buta Nom-noman, pogogan. Namaning wanda: Mendhung.
17.                       Buta nom-noman ngore gendhong. Namaning wanda: Kopek.
18.                       Dasamuka. Namaning wanda: Bugis.
19.                       Rahwana. Namaning wanda. Belis.
20.                       Bethari Durga. Namaning wanda: Gedrug, gidrah.
21.                       Cakil. Namaning wanda: Manyore, bathang, naga.
22.                       Baladewa. Namaning wanda: Geger, sembada, kaget, paripeksa.
23.                       Duryudana. Namaning wanda: Jangkung, jaka.
24.                       Durmagati. Namaning wanda: Pocol, Cawet.
25.                       Burisrawa. Namaning wanda: Bokong, canthuk.
26.                       Indrajit. Namaning wanda: Cawet, bokong.
27.                       Kakrasana. Namaning wanda: Kilat, sembada.
28.                       Adipati Karna. Namaning wanda: Lonthang, bedru.
29.                       Setyaki. Namaning wanda: Mimis, akik, wisuna.
30.                       Narayana. Namaning wanda: Geblag, sembada.
31.                       Samba. Namaning wanda: Banjet, sembada, buntit.
32.                       Angkawijaya. Namaning wanda: Rangkung, buntit.
33.                       Bambangan. Namaning wanda: Miling, pengasih.

Description: WEWANGUNANING WAYANG, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: WEWANGUNANING WAYANG

Tidak ada komentar: