Prabu Pandhu kaliyan Resi Kimindama
Saben dina Prabu Pandhu pepara ing sajroning alas, ngiras mbebedhag kidang-menjangan. Kaya ngapa senenge penggalihe Sang Prabu, saben tindak pepara ingapit-apit prameswari loro pisan, yen cinandra pindha dirada Erawata ingapit-apit gajah wadon loro. Kajaba ora tau pisah karo prameswarine loro pisan, Prabu Pandhu uga ora tau pisah karo gegaman. Tansah nggendhong endhong kebak jemparing, ngiwa langkap lan ngangggar pedhang mulane tansah rinaketan dening para tapa, amarga danggep minangka pangayomane. Ing sawijining dina Prabu Pandhu tindak pepara wenyang alas ing ering-eringe ardi Himawan iring kidul kang akeh kidang-menjangane lan sato kewan liya-liyane. Dumadakan Sang Prabu priksa menjangan lagi salulut,menjangane lanang gedhe, kinira dening sang Prabu yen iku tetunggule menjangan kang manggon ing alas iku. Prabu Pandhu ora saranta penggalihe, menjangan kang lagi salulut iku lanange enggal linepasan jemparing, kang banget ampuh nganti ambal kaping lima. Sajatine menjangan kang jinempring dening Prabu Pandhu iku dudu menjangan lumrah, nanging RESI kang lagi saresmi karo garwane sarana mancala warna menjangan. Nalika menjangan lanang ketaman jemparinge Prabu Pandhu kang kaping limane, ambruk ing bantala lan asesambat kadi manungsa, banjur karuna kelara-lara. "E, Prabu Pandhu! Nadyan wong kang kandhih pakareman utawa kasenengan, utawa wong tuna ing budi kang sengsem ing panggawe dosa, ewodene mesthi ora gelem tumindak ala kaya lekasira iku. Saben uwong darbe wewenang nuruti karepe dhewe, nanging tumindake meksa kudu mawa pranatan, dadi wewenange iku kawengku ing pranatan. Para wicaksana ora mbenerake sarupane tumindak kang ora tata. Heh ksatriya darah Bharata! Sira darahing para ambeg utama, yagene sira isih kandhih watak angkara, kongsi kalimput tumindak daksiya?" Mangkono kandhane menjangan lanang. Prabu Pandhu: Heh menjangan, wruhanamu! Sarupane buron alas, kena dipateni sarana kepriye bae. Duk Hing nguni, manawa Resi Agastya nedya sesaji gehde, luwih dhisik mbebedhag menjangan, daginge dienggo sesaji Mandar Sang Resi netepake, yen menjangan kang ana ing alas, pancen disedhiyakake dienggo sesaji kang katur marang dewa. Dadi anggoningsun mateni sira nalurekake, tata cara kang wis tumindak wiwit ing jaman kuna makuna, mula lekasingsun ora kena kok arani kliru". Menjangan; "Wruhanira Prabu Pandhu! Wong ora kena nglepasi jemparing marang mungsuhe kang durung samekta. Kenane mrawasa mungsuh, manawa wis padha dene samekta nedya tandhing yuda." Prabu Pandhu; "Wong mateni menjangan iku kena nganggo cara kepriye bae, dadi ora perlu mratitisake, menjangan iku wis samekta apa durung. Mulane kliru, manawa kowe ngluputake lekas ingsun". Menjangan: HE, Prabu Pandhu, tilingna kandhaku! Aku ora ngluputake anggonira mateni menjangan, nanging kesusuning tindakira kang nenuntun tindak daksiya, iku dununging klirunira. Yagene kowe ora saranta nyrantekake sarampunge anggonku salulut karo menjangan wadon. Wong-wong kang abudi luhur lan kang apambegan utama apa ana kang gelem nangsaya-sato kewan kang lagi salulut, awit wektu mangkono iku wektu kang banget nengsemake tumrap sakabehing titah. Dhek mau aku nedya gawe senenge menjangan wadon, nanging kagol atiku dening tindakmu kang banget siya-kaningaya. Heh narendra bangsa Kuru! Sira linairake dadi darah Porawa darah kang kasusra ing saindhenging jagad, racak padha apambegan utama abudi luhur lan susila. Hla sira kok gelem nglakoni panggawe dosa, yaiku atindak siya-kaningaya, pakarti kang njalari sira kalebu ing Yamani. (Yamani = Yamaloka, jagade Bathara Yama yaiku naraka). Sira mesthi ora kasamaran, kepriye nikmate salulut; sira putus marang kasusilan lan marang teteping wajib kongsii kaya para Jawata, benere sira kudu bisa suminggah saka panggawe kang nenuntun marang Yamani." "Heh tetunggule para Narendra! Wajibing Narendra kudu mbrastha sawarnane tindak daksiya, panggawe dosa tindak kang ora salaras karo pepacaking agama kang kawursita ing Kitab Suci. Heh Prabu Pandhu! geneya sira nedya mrajaya aku kang ora tau agawe kapitunanira?! Wruhanira Prabu Pandhu! Salugune aku iki RESI kang uripe mbukti sawarnaning wohwohan lan pala kapendhem, nanging kapinujon mancala warna menjangan. Anaku ing kene iki ora tau ganggu gawe marang sapa wae. Sanajan mangkonoa, sira mentala gawe sangsaraku. Awit saka iku, kena ora kena sira mesthi nandhang SOT-ku, amarga sira nangsaya titah kang lagi salulut," "Wruhanira Prabu Pandhu! Salugune aku iki Maharsi Kimindama (Kindama). Aku kasinungan panguwasa saka nugrahane anggonku tapa-brata. Mulane aku salulut nganggo mancala warna menjangan, amarga pangrasaku panggawe saresmi iku dudu panggawe suci ingatase Resi. E, Prabu Pandhu! Sira nangsaya aku lan nggawe kagol ing atiku, ora kaleksanan sedyaku salulut karo bojoku. Awit saka iku sira bakal ngalami pepesthen kaya pesthenku. Samangsa sira nedya salulut karo prameswarinira, sanalika iku uga bakal palastra." Sawise kandha mangkono, kagawa saka bangeting larane, menjangan lanang iku banjur ambruk ing bantala trus palastra. Prabu Pandhu banget karerantan panggalihe priksa kahanane Maharsi Kimindana (Kindama) kang mancala warna menjangan. Sapatine menjangan, Prabu Pandhu lan Prameswarine sakloron karuna kalara-lara. Prabu Pandhu kawiyos pangandikane mangkene; "Samengko sun kapeksa kudu ngupaya sarana panulaking SOT. Sun nedya nglakoni brahmacarya, nulad lekase rama Maharsi Wiyasa, olehe tansah ngegungake kawewehan.Mung sarana tapa brata bisane ingsun unggul ing pepeng¬inan. Dadi ingsun kudu ninggal garwa lan kadang warga, cukur gundhul banjur lelana ngideri bawana. Kang minangka panganingsun saka oleh-olehane anggonku pepriman. Ingsun kudu bisa mbuwang angkara-murka lan watak gegethingan. Saliraningsun kudu ingsun saputi lebu, lan ingsun ora ngrukti bale-wisma, paleremaningsu ing sangisor wreksa. Ingsun ora keng dadi bandhangan rasa bungah lan susah, pangalembana lan panyamah. Ingsu ora ngupaya kabegjan lan pengaji-aji, ora melik pawewehing liyan, mung nedya nggayuh katentreman lan nedya tansah nggawe becik marang pepadhaning titah. "Anggoningsun pepriman sadinane ingsun wangeni mung 5 omah, keh-kehe 10 omah. Saupama nganti 10 omah meksa durung oleh pangan, ing dina iku ingsun ora nedya memangan. Ingsun ora nedya pepriman marang sapa bae kang wis tau ingsun jaluki. Lumrahe wong pepariman iku dianggep nistha. Nanging anggoningsun pepriman iku dianggep asor apa luhur, ora bakal ingsu paelu. Manawa wis bisa ngipatake kapinginingsun asesuta mesthi banjur ora bakal darbe panembung supaya diparingi anak." [Wejangan Wewarah bantah Cangkriman Piwulang Kaprajan] http://tedjatirta.blogspot.com/2009/11/prabu-pandhu-kaliyan-resi-kimindama.html